
Move on. Move kuwe obah, on kuwe murub. Dadi, move on kuwe barang sing obah terus murub. Obah apane? Anune. Murub apane? Murub muatamuuu...!!
Kurang lewihe kaya kuwe artine. Nek lewih ya ngeneh di balekna.
Move on kuwe nek jere cah gaul jaman siki.. (brarti nyong wong ora gaul jaman kuna yah? melasi), Move on kuwe ibarat melupakan masa lalu, nglakoni apa sing neng ngarep. Dadi misale neng mburi ana tembelek, kudu mlayu.. Kaya kuwe yah?? Mbuh.
Ora gampang pancen arep move on, apamaning move on sekang mantan (nek duwe). Kadang ati esih tresna, dadi ora bisa ngelalekna mantan, ngasi ora bisa madang, ora bisa turu, ora bisa ngising. Jaannn.. melasi temen uripe yah..
Jane sih yah, mantan kuwe kan wis dadi kenangan. Kudune mikir lan nglakoni nggo masa depan. #tumbenbener
Siki tek wei tips meng koe pada, kepriwe carane ben cepet move on:
1. Aja duwe mantan
Kiye tips sing paling manjur nek arep move on. Nek koe ora duwe mantan, ora usah perlu repot2 move on. Arep move on sekang sapa, mantan bae ora duwe.. Mantan majikan lah iya.
2. Nggolet mantan sing elek
Nek koe duwe mantan sing apik, biasane kan angel ngelalekna. Nah, mulane nek arep nggolet mantan, sing elek bae. Misale siki koe duwe pacar sing elek, nah berarti pas kuwe di putus siki bae ben cepet move on.
3. Ilang ingatan
Jajal jeblesna sirahmu meng tembok. Sapa ngerti bisa ilang ingatan. Dadi wis ora kelingan mantan.
4. Aja ngintipi mantan
Nah kiye, pegaweane wong sing kurang gawean. Wis dadi mantan tapi status facebook e, status twitter e, esih bae di intipi. Aja nganti juga ngintipi mantanmu nek lagi adus. Sebab koe ora bakal bisa move on nek kaya kuwe, matamu ya bisa2 timbilen. Sukur sukur ora konangan. Nek konangan ya modar bae.
5. Di eling eling sing elek
Nek lagi kelingan mantan, aja mikir sing apik. Mikir sing elek tentang mantanmu kuwe. Contone, keleke ireng, ora tau adus, mambu langu, selingkuhan, ora tau kathokan. Lan kelakuan elek sing lia2ne.
6. Golet pacar sing anyar
Nah kiye sih gampang gampang angel. Sing jomblo taunan bae kadang ora olih-olih pacar tekan siki, apamaning sing tembe putus. Bisane sih suwe. Tapi ya sing sabar bae. Esih mending lah nasibe ketimbang sing jomblo taunan..
7. Golet kanca sing akeh
Salah sijine cara ngelalekna mantan, merga dewek sibuk kegiatan karo kanca-kanca. Dadi ora ndekem bae neng kamar kaya ayam arep ngendog. Ngerti ngerti kendat.. Golet kanca sing akeh, saben ketemu wong, di ajak dadikna kanca. Sedina koe ketemu satus wong, duwe satus kanca. Dikeplaki lah iya sok kenal. Sepisan pindo dolan karo kanca rekreasi. Maring Baturaden ya kena, trus mudun sitik menggok GS. #eh
8. Aja kakehan foto
Biasane sing angel gawe move on kuwe nek weruh fotone. Mulane nek lagi pacaran, ora usah kakehan foto. Mengko kesel mbuseke. Apamaning di pasang-pasang neng facebook, kaya arep dodolan bae. Nek jeneng mantanmu esih ana neng hape, ganti bae jenenge, misale "tukang panci", "bakul cilok", lan lia-liane.
9. Jaga jarak
Pokoke koe aja cedek2 karo mantan, apamaning se kamar, di jamin ora bakal bisa move on. Nek misale mantanmu neng Purwokerto, koe lunga adoh nganah meng Arab. Nek ora, koe mabur meng Antartika bae, pacaran karo beruang kutub.
10. Nerima lan Ndonga
Cara sing terakhir, sing nerima lan akeh akeh ndonga. Aja maring dukun trus di santet. Kuwe wis jaman kuna. Sing jenenge mantan, kayane wis pancen udu jodohe, dadi kudu nerima neng ati. Mantan kuwe kan jodohe wong lia sing mampir sedela. Dadi ikhlasna bae nek mantanmu karo liane. Esih akeh menungsa neng dunya kiye sing lewih apik sekang mantanmu. Uripmu kudu maju, ora mung mikirna masa lalu.
Kaya kuwe bae tips sekang nyong. Semoga sing lagi kepengin move on, cepetan move on. Alon alon sing penting move on. Nek esih ora bisa move on bae, apa ya kuwe urusanku? Ora urusan, Ora urunan, Ora duwe duit.
good idea ;)
ReplyDelete