Sunday, August 4, 2013

Tips Mudik

1 comments

Nah.. Kiye mumpung dela maning arep bada, mesti sing lagi neng perantauan mesti pada bali kampung. Kuwe nek duwe kampung, nek ora duwe kampung ya mbuh kuwe bali meng ndi.


Siki arep tek wei tips meng koe pada sing arep pada mudik, semoga bae bermanfaat. Nek ora bermanfaat ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.



Tips mudik sekang Rizal:
1. Tuku tiket jauh2 hari
Maksude, nek arep mudik, sebaiknya disiapkan jauh2 hari. Dadi, senajan bada esih 5 taun maning, siki koe kudu tuku tikete. Sapa ngerti mengko ora kebagian. Jaannn kaya munggah haji bae yah..

2. Gawa bekal sing cukup
Pas mudik kan biasane kencoten neng dalan, nah aja kelalen nggawa bekal sing cukup. Ya panganan, ya inuman, ya klambi salin. Nek perlu, kompor, waja, kulkas, AC, karo lemari ne di gawa sisan.. Dadi ora bakal ana sing kurang neng dalan.

3. Periksa kondisi kendaraan
Nah, sedurunge mangkat, periksa disit kendaraan mudik. Nek koe numpak sepur, tiliki disit kae ban sepure, sapa ngerti ana sing nggembes, di tambal disit dadi bisa mlaku ora ngogel neng dalan.. Nek koe numpak kapal, tiliki disit baling-balinge bisa muter apa ora, nek ora bisa muter, koe nyemplung meng segara neng pelabuhan, di ganti disit kuwe baling-balinge, nek perlu di ganti karo kitirane Doraemon ya kena.

4. Periksa surat-surat kendaraan
Pastikna disit surat-surat kendaraanmu lengkap. Cek kudu lengkap ana KTP, Ijazah, Pas foto, Transkrip Nilai karo surat lamaran.. Udu kuwee...!!! #ngob. Ya maksude kaya SIM, STNK, karo STTB (eh BPKB maksude).

5. Kunci rumah
Nek umah di tinggal mudik. Kudu waspada mbok ana maling. Lawang karo jendela di tutup rapet. Nek perlu umahe di tutupi plastik kresek ben rapet, apa di tutupi pembalut ya kena ben ora bocor.. Barang-barang elektronik di pateni, mbok ana konsleting (konangan neng sleting #eh). Nek perlu di gawa mudik bae kue TV, kulkas karo AC ben ora di colong wong.

6. Taati aturan
Selama perjalanan, koe kudu taat karo peraturan. Misale, nek koe numpak motor mabur, aja njaluk mudun neng tengah ndalan senajan umahmu liwat neng ngisor. Apamaning ngomong kiri-kiri karo kenete, ora bakal mandeg motor mabure.. Kuwe udu koprades!
Trus nek numpak motor, aja teluan. Boncengan loro bae kadang angel njaga keseimbangan neng ndalan. Apamaning teluan, sing ngarep lanang, sing tengah wadon, sing mburi lanang. Lah jaaan sidane sing ngarep gigire dekong, sing tengah bokonge dekong. Sing mburi dewek ora kebagian apa-apa. Bisa-bisa manuke tugel tekan ngumah. Melasi..

7. Sewa pacar
Kiye tips sing penting lan terakhir nggo mudik. Biasane kan nek mudik nyewa mobil, siki wis ora jaman. Siki jamane nyewa pacar. Koe kudu nyewa pacar. Apa? Ya nyewa pacar. Soale mengko nek koe bali kampung, dadi ora isin nek di takoni kanca/tangga "Ndi pacarmu? Ndi bojomu??" Nah, wis duwe (senajan sewaan). Lumayan nggo tamba isin. Masa saben taun di takoni pacar/bojo ora tau bisa njawab.. Emang-eman merantau adoh-adoh jebule jomblo bae.

Sekian tips Rizal mengenai mudik. Ana kurange ya ngeneh di tambaih, nek ana lewihe ya ngeneh di balekna.