Sunday, August 4, 2013

Tips Mudik

1 comments

Nah.. Kiye mumpung dela maning arep bada, mesti sing lagi neng perantauan mesti pada bali kampung. Kuwe nek duwe kampung, nek ora duwe kampung ya mbuh kuwe bali meng ndi.


Siki arep tek wei tips meng koe pada sing arep pada mudik, semoga bae bermanfaat. Nek ora bermanfaat ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.



Tips mudik sekang Rizal:
1. Tuku tiket jauh2 hari
Maksude, nek arep mudik, sebaiknya disiapkan jauh2 hari. Dadi, senajan bada esih 5 taun maning, siki koe kudu tuku tikete. Sapa ngerti mengko ora kebagian. Jaannn kaya munggah haji bae yah..

2. Gawa bekal sing cukup
Pas mudik kan biasane kencoten neng dalan, nah aja kelalen nggawa bekal sing cukup. Ya panganan, ya inuman, ya klambi salin. Nek perlu, kompor, waja, kulkas, AC, karo lemari ne di gawa sisan.. Dadi ora bakal ana sing kurang neng dalan.

3. Periksa kondisi kendaraan
Nah, sedurunge mangkat, periksa disit kendaraan mudik. Nek koe numpak sepur, tiliki disit kae ban sepure, sapa ngerti ana sing nggembes, di tambal disit dadi bisa mlaku ora ngogel neng dalan.. Nek koe numpak kapal, tiliki disit baling-balinge bisa muter apa ora, nek ora bisa muter, koe nyemplung meng segara neng pelabuhan, di ganti disit kuwe baling-balinge, nek perlu di ganti karo kitirane Doraemon ya kena.

4. Periksa surat-surat kendaraan
Pastikna disit surat-surat kendaraanmu lengkap. Cek kudu lengkap ana KTP, Ijazah, Pas foto, Transkrip Nilai karo surat lamaran.. Udu kuwee...!!! #ngob. Ya maksude kaya SIM, STNK, karo STTB (eh BPKB maksude).

5. Kunci rumah
Nek umah di tinggal mudik. Kudu waspada mbok ana maling. Lawang karo jendela di tutup rapet. Nek perlu umahe di tutupi plastik kresek ben rapet, apa di tutupi pembalut ya kena ben ora bocor.. Barang-barang elektronik di pateni, mbok ana konsleting (konangan neng sleting #eh). Nek perlu di gawa mudik bae kue TV, kulkas karo AC ben ora di colong wong.

6. Taati aturan
Selama perjalanan, koe kudu taat karo peraturan. Misale, nek koe numpak motor mabur, aja njaluk mudun neng tengah ndalan senajan umahmu liwat neng ngisor. Apamaning ngomong kiri-kiri karo kenete, ora bakal mandeg motor mabure.. Kuwe udu koprades!
Trus nek numpak motor, aja teluan. Boncengan loro bae kadang angel njaga keseimbangan neng ndalan. Apamaning teluan, sing ngarep lanang, sing tengah wadon, sing mburi lanang. Lah jaaan sidane sing ngarep gigire dekong, sing tengah bokonge dekong. Sing mburi dewek ora kebagian apa-apa. Bisa-bisa manuke tugel tekan ngumah. Melasi..

7. Sewa pacar
Kiye tips sing penting lan terakhir nggo mudik. Biasane kan nek mudik nyewa mobil, siki wis ora jaman. Siki jamane nyewa pacar. Koe kudu nyewa pacar. Apa? Ya nyewa pacar. Soale mengko nek koe bali kampung, dadi ora isin nek di takoni kanca/tangga "Ndi pacarmu? Ndi bojomu??" Nah, wis duwe (senajan sewaan). Lumayan nggo tamba isin. Masa saben taun di takoni pacar/bojo ora tau bisa njawab.. Emang-eman merantau adoh-adoh jebule jomblo bae.

Sekian tips Rizal mengenai mudik. Ana kurange ya ngeneh di tambaih, nek ana lewihe ya ngeneh di balekna.

Saturday, June 15, 2013

Mantan

1 comments
Apa sih mantan?? MANTAN : MANdan KemuTAN.

Sing jenenge mantan, arep kepriwe bentuke, ora bisa di kelalekna. Apamaning nek duwe mantan sing ayu kaya si.. <sebagian text di pangan codot>.

Mantan kuwe macem-macem, ana mantan pacar, mantan presiden, mantan majikan, mantan copet lan mantan lia-liane. Sing tek bahas mantan pacar bae lah ya. Sing liane tah mbuh. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Tuesday, June 11, 2013

Move On

1 comments
Apa kuwe move on?? Move on kuwe sejenis panganan sekang glepung sing di wei klapa, isine gula jawa.. Kuwe klepoooonn!!! #ngob

Move on. Move kuwe obah, on kuwe murub. Dadi, move on kuwe barang sing obah terus murub. Obah apane? Anune. Murub apane? Murub muatamuuu...!!

Kurang lewihe kaya kuwe artine. Nek lewih ya ngeneh di balekna.



Friday, June 7, 2013

LDR : Lara Dewek Rasakna!

2 comments

Siki nyong arep mbahas LDR. LDR : Lara Dewek Rasakna!

Ya ya, LDR kuwe Long Distance Relationship, nek bahasa Indonesiane Pacaran Karo Meteran. #loh

Pacaran adoh-adohan kuwe sing jenenge LDR.







Wednesday, June 5, 2013

kimcil Nyolong Timun

1 comments
Sedurunge cerita, tek wei ngerti, cerita kiye khusus nggo SUNAT+. Dadi kanggo koe pada sing urung sunat, aja maca cerita kiye. Mengko domeih wong tuamu.
Nganah bali disit njaluk sunat maring rama/biyungmu. Ngomong bae njaluk sunat gara2 kepengin maca ceritane nyong. Paling di balang clurit kon ramban suket neng sawah. #kawus.




Monday, June 3, 2013

Di Tuduh Nyopet

1 comments
[True Story] Ane dituduh nyopet dan dipaksa buka CD di depan umum mblooo!!!

Ini kisah nyata yang terjadi pada ane , kemarin tanggal 02 Juni 2013 Jam 15.30.

Mungkin lo lo ada yg ngeliat kejadiannya juga di Moro Purwekerto, nah itu adalah ane Jadi kemarin ane main ke Daerah Moro. Ane mengunjungi salah satu fashion store terkemuka (****) mau nyari baju buat cewe ane yang mau ultah.

Cinta Sejati

1 comments
Sebuah senja yang sempurna, sepotong donat, dan lagu cinta yang lembut. Adakah yang lebih indah dari itu, bagi sepasang manusia yang memadu kasih? Raka dan Dara duduk di punggung senja itu, berpotong percakapan lewat, beratus tawa timpas, lalu Dara pun memulai meminta kepastian. ya, tentang cinta.

Status Lucu Facebook

1 comments
Status lucu facebook memang bisa di dapatkan lewat berbagai macam media facebook seperti fanspage, status teman, group dan ataupun situs yang menyediakan status lucu facebook seperti blog Rizal Humor ini. Memang selain sebagai sarana sharing kata - kata yang menghibur, biasanya dengan status lucu ini maka kita akan menemui banyak interaksi di status facebook kita. Salah satunya adalah komentar, like dan bagikan status.

Status Fb Kocak Ngakak

Sunday, June 2, 2013

Galau-->Linglung-->Gemblung

1 comments
Anu apa sih kue jane Galau?? mandan ora ngerti pisan jane. Sengertiku juga ya anu pada melu-melu kayane. Mbuh sing bener artine apa. Sayange kamus Bahasa Indonesia jaman SD gemiyen wis mbuh neng ngendi dadi ora bisa tek tiliki.

INSOMNIA

0 comments
Mbuh ngapa kayong mandan ora teyeng turu mbengi kiye. Ketimbang langka pegawean (saben dina kaya ana pegawean bae), arep apdet blog maning.

Siki nyong arep cerita bab INSOMNIA. Nah, ngerti mbok insomnia? Kae loh penyakit sing kelalen jenenge dewek, kelalen kanca, keluarga, biasane merga sirahe njebles watu apa tembok bar tabrakan.. KUWE AMNESIAAAA..!!

INSOMNIA : INyong Siki Ora Merem Ngelingna Indahe Awakmu..

Bojo Impen

0 comments

Nah sore kiye nyong arep crita bab bojo. Uwis pada nduwe bojo urung?? Nek urung ya kawus. hehe. Sing jenenge nggolet bojo kue gampang-gampang angel Di omong gampang wong wadon / wong lanang kue akeh,pirang-pirang, masa mung siji thok ora olih si?? Melas temen. Di omong angel, genah ora kena sembarangan, mergane bojo kue sepisan seumur urip. Dadi kudu temenan goli nggolet ora kena sembarangan,ora kabeh bisa cocok,ora kabeh bisa sreg.

Saturday, June 1, 2013

Kenapa NGAPAK?

0 comments
Ngapak kue jane asale sekang kata"ngapa", tapi wong lia sing pada ora ngerti ya senenge nyebute "ngapak" soale angger nyong ngomong ngapa, ketone mburine ana huruf k, padahal janetah ora lho.. Lah karepe sing arep nyebut lah. Arep ngomong apa rika, sekarepmu bae.

Basa ngapak kue anane neng Jawa Tengah, kaya Banyumas, Cilacap, Purbalinga, Banjarnegara, Gombong, Kebumen, Brebes, Slawi, Tegal, Pekalongan, Wonosobo, ana sing urung di sebut apa yoh???

Kamus NGAPAK

4 comments
Kamus Rizal. Kiye anu istilah sing tek gawe dhewek. Anu istilah wong dablongan. Sekarepku dhewek pokoke. Kayane sih ora nana sing bener (jenenge bae GREGET).

Opo kuwi Blekberi?

4 comments
  Blekberi kuwe tembelek di emberi. Ganengan jaman uwis maju , pating tletek teknologi anyar hape jaman siki. Termasuk salah sijine sing jenenge Blekberi. Meh saben neng dalan, neng warung, neng kampus, nganti neng WC akeh wong pada dolanan blekberi. Nek lagi mangan, tangan siji nyekel BB, tangan sijine nyekel sendok. Keliru gole mangan, hapene sing di untal.

Macam-macam kata ALAY

3 comments





Kali ini Rizal akan menulis tentang macam-macam kata ALAY, sebenernya alay itu ribet, Kenapa? ya karena harus menulis dengan huruf besar kecil, angka dan sebagainya, Langsung saja yuk Cekibrot :

Tips Buat Para JOMBLO

2 comments
Buat kamu yang udah jomblo terlalu lama, dan pengen ngerasain rasanya punya pacar. Atau buat kamu yang baru aja diputusin, trus si mantan udah pacar baru.

Jangan hanya mau kalah! Ayo bela harga diri kamu dengan tips praktis punya pacar baru di FB dalam waktu 5 menit! dari abang RIZAL Simak:

Friday, May 31, 2013

Tresna ala Mahasiswa

0 comments



Sing jenenge mahasiswa kuwe doyane pacaran, jajal bae di deleng neng kampus, isine toli wong pacaran, ya ora neng kantin, ora neng perpus, apamaning neng kosan. Pada ndekem kaya ayam angrem. Mengko ngerti-ngerti meteng, gari mbojo kuiahe ora rampung. *keplak sisan*

Nah Mahasiswa kue kan akeh jurusane, ana jurusan Purwokerto - Tegal pp (kuwe tah jurusan bis). Maksude jurusan kuliah, ana Kedokteran, Hukum, Ekonomi, Tekhnik, Biologi, Peternakan, Pertanian, Bahasa lan lia-liane. Ora percaya tiliki dhewek lah neng kampus. Di deleng toli ana tulisane. (ora nana pegawean temen yah).

Rambu-Rambu Lalu Ngapak

1 comments
Siki nyong arep ngaweh ngerti maring kowe pada ya.. Kiye tulung pada di rungokna.. Tulung..tulung..tulung ... *malah suarane kaya lagi ana maling*. Dadi nyong arep njelasna karo rika pada sing arane Rambu Rambu Lalu Ngapak (maksude Lintas jane) tapi Nini Lintas lagi matun kae neng sawah. Jorna bae lah.. Aja di gawa-gawa.


Nah tanda kiya artine Ora Olih Dodolan Es. Siki kiye lagi musim udan, ya ora olih dodolan es. Mengko mbok pada pilek. Umbelen mengko rika pada. Dlangap-dlongop umbele kaya clurut metu sekang leng.

Rizqi nembak Rizal

0 comments
Kiye sedulur nyong arep crita bae lah ya..Kayong mandan suwe ora nulis blog. Mandan kangen karo rika pada. Rika ora kangen karo nyong mbok?? Pancen. Wis ngerti nyong. *metu sungune*

Dadi kaya kiye ceritane. Jaman semono ana Wong lanang jenenge Rizal. Rizal kuwe bocahe ngganteng, kulite putih (kaya sapi), awake enem pek (six pack maksude). Tapine mbuh kenangapa koh urung bae nduwe pacar. Jane tampang ya ora kurang, dhuit ya ora kurang, kurang apa njajal?? Kurang ajar.

Single lan Jomblo

0 comments

Nah siki nyong arep nulis tentang Jomblo apa Single. Apa sih bedane Jomblo apa Single??

Sengertiku kuwe arep Jomblo arep Single kuwe ya anu pada bae ora nduwe pacar. Bedane kata Single mandan keton Sangar. Ya SangaRiting ndean (kertu remi). Sangar tapi Melasi. Pada2 ora payu jane *ups*

Sing seneng ngomong Single kuwe jane mung nggo bombong2 ati, men ketone ora melasi. (jane ya pada bae) Ora ngaruh, tetep bae jenenge ora nduwe pacar ya ora nduwe bae. Apa bae istilahe.

Zodiak Minggu ini

1 comments
Maaf belum ada status lucu, tapi karena gue rizal, orang yg tidak saja ganteng tapi gue juga admin yg seneng berbagi.. Maka dari itu gue telah meramalkan Zodiak minggu ini utk kalian semua .

BOM dan SERSAN

1 comments
(Cerita ini terjadi di sebuah gedung yg dipasangi BOM waktu. Seorang SERSAN bertugas menjinakan BOM dgn dipandu via radio oleh komandannya) 

PROFIL

0 comments


Nama  Lengkap                     Fahmi Rizal Dhi
Jenis Kelamin                        : Laki - Laki
Tempat Tanggal Lahir         : Purbalingga, 28 Agustus 1996
Pernah Bersekolah di         : -SDN 1 Mewek                                   
                                                       -SMP Negeri  4 Purbalingga
                                                       -SMK YPT 2 Purbalingga
Kota Sekarang                        : Purbalingga, Jawa Tengah
Agama                                       : Islam






Saya hanya seorang penulis cerita dan tulisan saya mungkin bisa menghibur, agar bisa bermanfaat. Saya juga mohon bantuanya untuk memberikan pendapat anda tentang website ini.

Anda bisa kontak saya lewat :
Face book :  Fahmi Rizal
Twitter :  Fahmi Rizaldhi

Kritik dan Saran bisa dikirim lewat 
email : fahmirizaldhi1@gmail.com

Terima kasih Sudah berkunjung.