Wednesday, March 23, 2016

Galau Jaman Ganu

0 comments


Saiki kan jamane wis maju. Ana henpon lan sejuta aplikasine. Ana facebook, twitter, bbm, kakaotalk, wechat, whatsup, instagram, path lan lia-liane. Meh saben wong duwe akune, tapi.. pacar siji bae ora duwe. #jleb
 Neng dunia maya (udu duniane luna maya), saben-saben ana status galau. Contoh "Duh, nyong kencot.." Kencot galau. "Duh, arip tapi ora bisa turu..". Ora bisa turu galau. "Duh, kebet ngising.." Ngising bae galau. Pokoke werna-werna status galau neng dunia maya.
 Jane sih sing maca statuse pada peduli ya ora, paling maca trus.. Oh biasa lah wong caper lagi galau. Jorna bae mengko toli mari dewek (mari waras). #kawus


 Nyong mbayangna, kepriwe wong-wong jaman ganu (dahulu) sing urung ana teknologi nek lagi galau. Kayane susah ya arep meng-ekspresikan kegalauan. Di tahan bae kayane nganti kebet ngising.
 Kiye beberapa cerita wong jaman ganu nek lagi galau :
1. Nabuh Kenthongan
 Ngerti kenthongan mbok? Kae loh nek misale lagi nggawa motor, trus mogok merga kenthongan bensin.. Apa ora bisa mbayar kos merga kenthongan duit. (Kuwe ke entongaaaannnn...!!!) #ngob
 Dadi critane, pas wengi-wengi, Daplun weruh Sri mlaku neng papringan karo wong lanang lia (lanang asli apa ora jane ya mbuh, wong urung tau di tiliki jenis kelamine). Daplun langsung galau. Daplun mlayu meng ngumah karo galau. Merga urung ana henpon, Daplun nabuh kenthongan.. Tong tong tong tong... karo ngorong-ngorong.. "Tulung tuluuunggg nyong galau.." Wong sing pada krungu metu umah, di kira ana maling. Jebule anu wong galau ngrusuhi warga sing lagi pada turu. Akhire Daplun digebugi warga nganti mati. #tragis
2. Curhat karo Ingon-ingonane (binatang peliharaane)
 Daplun kan duwe ingon-ingonan, ana sapi, wedus kebo, baya lan lia-liane..  Saben sore Daplun angon (gembala) sapi neng lapangan. Ceritane daplun lagi galau, bingung Sri jane cinta apa ora karo Daplun. Akhire Daplun curhat karo Sapi.
 Daplun : "Pi sapi.. Menurutmu Sri tresna karo aku ora yah? Aja-aja nyong mung dadi korban PHP kiye.. Sri jane gelem karo nyong ora??"
 Sapi : "Mooohhhh."
 Daplun emosi krungu jawabane Sapi jere Moh. Artine Sri moh (ora gelem) karo Daplun. Daplun kalut mobat-mabit nggawa arit, akhire sapine di sembeleh. Mati.
3. Gawe Candi
 Ceritane cintane Daplun di tolak neng Sri. Daplun sedih banget, galau awan mbengi. Madang ora doyan, turu ora lali, ngising ora metu-metu. Pokoke ngapa-ngapane angel lah.. Akhire Daplun galau karo gawe Candi bentuk patunge Sri. Saben dina Daplun telaten gawe candi. Tapi sing di eling neng Daplun mung sikile Sri. Ora bisa gawe bentuk patunge Sri, soale bentuk raine ora apal, awake ya ora apal. Soale jaman ganu kan urung ana foro dadi angel mbayangnane. Candine dadi sih... Tapi Candi Sikile Sri. Bentuk candine malah kaya sikil tukang becak sing akeh otote. Nggilani lah.. #ngob!
4. Nyebur Laut, Nyebrang Nusakambangan
 Ceritane Daplun krungu mantane arep mbojo. Padahal Daplun esih tresna karo mantane kuwe, ceritane urung bisa move on. Daplun galau, mlayu-mlayu neng pinggir pante. Weruh neng sebrang ana pulau Nusakambangan. Daplun nekat pokoke nyong arep nyebrang Nusakambangan. Nyong ora rela mantanku mbojo disitan. Nyong kudu nggolet bojo neng Nusakambangan. Akhire Daplun nyebur laut. Ngelangi meng Nusakambangan. Eh neng tengah-tengah perjalanan neng tengah laut ketemu hiu. Akhire Daplun kepangan hiu. #tragis
5. Corat-coret Neng Watu Kali.
 Jalaran urung ana facebook nggo corat-coret neng temboke, wong jaman ganu ngungkapna perasaan neng watu. Dadi di ukir tulisane neng watu kuwe. Contone tulisane "Daplun lope lope so much karo koe Sri.. " + gambar godong waru. Saking suwe gole ngukir tulisane, nganti taunan neng pinggir kali.  Tekan tua mung gunane gawe ukiran neng watu. Olih Sri ora, tua tah iya. Mbuh arep dadi apa kuwe lah.. Jebule tulisane ora tau di waca Sri, merga Sri minggat tuku trasi ora bali-bali. #kiyetragisbanget

 Dadi kira-kira kaya kuwe lah kepriwe nek wong jaman ganu lagi galau. Kayane sih melasi ya ceritane. Tapi kuwe kan cerita, udu kenyataane. Sing kenyataane ora payu-payu ya ana.. Sing ora bisa move on ya ana.. akeh!
 Ana sing lagi galau? Nyong sih ora. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!
 Wis semene disit gole crita, kapan-kapan tek sambung maning.

Friday, August 15, 2014

PHP Coeg

1 comments

Apa kuwe PHP? Permata Hijau Purwoketo. Kuwe perumahaannnn..!!! #ngob
PHP kuwe singkatan Pemberi Harapan Palsu. Bisane? Ya, sing aweh harapan barang KW. #loh
Biasane, cah lanang sing seneng PHP meng cah wadon. Kenangapa? Soale wadone bae sing ke-GR-en. Seneng be ora koh ke-PD-en. Mulane nek ora ngerti takon. Paling di tolak. #jleb




Siki tek critakna setitik pengalaman masalah PHP.
Dadi ceritane kaya kiye...
*ngetik karo mangan mendoan*

Pada suatu hari, Ntong Rizal neng kampus lagi mlaku-mlaku. Rizal kuwe mahasiswa telatan. Kuliah jam wolu, jam sanga tembe tangi. Sidane kuliahe neng njaba kelas. Nglekor kaya mangan sega kucing.
Pas kuwe Rizal duwe adi kelas. Sebut bae jenenge Bunga. Jeneng lengkape BuNgadiman.

Merga saking rajine, rizal kuwe di angkat dadi asisten dosen neng kampus. Wis pokoke dadi idola : ireng, dower, ala. Hahahahaaaa. Apa? Seneng koe? Ngguyu? Keplak ndase!

Biasa lah trik cah wadon, njaluk warah marang sing ora ngerti, padahal ya mung modus :
Bunga : Mas Rizal..
Rizal : Ya dek, ana apa? Kebet ngising apa? Nganah ngising neng WC bae..
Bunga : Ora mas, ngising wis tembe bae. Cewoke sing urung.
Rizal : Wadon nggilani!
Bunga : Kiye koh mas.. nyong arep takon rumus sing kiye. Kepriwe sih nyong bingung..
Rizal : Duh dek, nek di critakna bakal suwe. Kaya Purwokerto - Tegal numpak becak. Kaya kiye bae, mengko sore nyong tek meng kos mu bae ya.. #modus
Bunga : Oh ya mas, mengko tek enteni ya neng kosku..
Rizal : Ya dek, aja kelalen sediakna wedang ya. Sajen kembang pitu rupa karo menyane. (pangananeeee..!!)

Kiye arep tek critakna langsung neng kos apa critakna sedina nyong ngapa bae? Soale nyong sempet mampir nggone siti disit jujug trasi. Kayane tah ora patiya penting yah. Dadi langsung bae..

*neng kose Bunga* Kebeneran ibu kose lagi lunga. Dadi bisa mlebu kamar kos. Biasane sih nerima tamu neng njaba umah. Ngekose neng ndi, mertamune neng ndi.
Rizal : Ehm, kepriwe dek.. *api-api watuk ben di wei wedang*
Bunga : Ya mas, kiye nyong njaluk waraih soal sing kiye. Angel pisan. *tetep ora di wei wedang* #kawus
Rizal : Ora ana sing angel neng dunia kiye dek asal dewek berusaha. *gayamu zal zal...*
Bunga : Soal sing kiye mas "Diketahui, A duwe pacar B. B duwe pacar C. Pertanyaane, kenangapa D tekan Z jomblo kabeh?
Rizal : Kiye soal apa nantang gelut dek?!!
Bunga : Lah, mbok Mas rizal sing gawe soale??
Rizal : Oh ya yah kelalen. Maklum nek cedek karo wong ayu pikirane ora karuan.. #eaaaaa #utekmu
Bunga : Ah Mas Rizal bisa bae.. *gaplok sandal jepit*
Rizal : Dadi kaya kiye dek. A karo B kuwe payu. B kuwe payu banget. C kuwe lumayan payu nggo selingan. Nah, D tekan Z, kuwe sing ora payu banget. Kadang dunia kuwe ora adil. Nek adil, ora bakal ana jomblo neng dunia kiye. Dunia bakal sepi, ora rame pada dolanan twitter karo facebook kaya siki. #nyindirAlus
Bunga : Oh, kaya kuwe jawabane ya mas?
Rizal : Ya dek, ora ana soal sing angel. Sing angel kuwe kepriwe carane dewek bisa bersatu.. #eaaaa

Nyong kuwe pancen bocahe seneng guyon. Ngomonge cokan sembarangan.
Dasare Rizal kuwe bocah apikan, seneng aweh harapan meng wadonan. Asline sih mung nggo guyonan.

Nah, suwe Rizal karo Bunga kuwe mlaku bareng. Wis kaya kakang adi. Kakang adi ketemu gede.
Bunga mulai ana rasa karo Rizal, soale meng ngendi-ngendi bareng. Rizal ya ketone perhatian banget karo Bunga. Pokoke ora ana wong sing lewih apik lah ketimbang Rizal (jane nek di pikir sih akeh, mung ora gelem mikir bae).
Padahal Rizal sih biasa bae. Nek Bunga njaluk tulung ya di tulungi, nek Bunga njaluk adus ya di adusi. #eh
Maksude Rizal ya mung kepengin niat apik karo wong. Ora ana maksud apa-apa. Mung Bunga wis kadung tresna karo Rizal, tapi ora wani ngungkapna (ngerti dewek lah cah wadon #wisbiasa)
Masalah pacar? Rizal kuwe wis ana sing duwe. Rizal setia banget karo Siti. (soale nek selingkuh ora konangan)

Pada suatu ketika, Bunga memberanikan diri ngomong cintane meng Rizal :
Bunga : Mas, nyong kepengin ngomong 4 mata karo koe..
Rizal : Ana apa dek? Ngomong 4 mata nganggo kacamata jaran apa ora??
Bunga : Emm.. Kiye mas.. Emmm..
Rizal : Apa sih dek? Koe mencret??
Bunga : Ora mas.. Anu.. Anu..
Rizal : Anumu kenangapa dek? Ana sing nakali anumu??
Bunga : Utekmu mas! Kiye mas, nyong arep ngomong nek nyong kuwe tresna karo koe..
Rizal : Haaahhhhh??? *semaput*

Rizal semaput krungu Bunga nyatakna cintane. Lah trus kepriwe kiye nyong arep nglanjutna critane nek rizale semaput?? Apa ngenteni Rizal sadar diri bae?? Kapan rampunge!!!

Okelah. Bar kuwe intine Rizal kuwe njawab meng Bunga. Nek Rizal kuwe mung nganggep Bunga dadi adi. Ora kurang, ora lewih. Nek lewih ya di balekna.
Bunga kecewa. Dikira Rizal juga cinta, jebule ora. Ternyata Bunga dadi korban PHP neng Rizal.
Bunga siki senenge galau. Ora bisa mangan ora bisa turu. Tapi esih urip sih untunge.

Nah, dadi kaya kuwe lah kira-kira critane. Kiye sih jane udu pengalaman yah.. Mung kebeneran bae nek critane pada.

Intine sih ya, sebab PHP kuwe antarane ana loro :
1. Lanange sing ke apiken, apa
2. Wadone sing ke GR en

Mulane nggo cah wadon, nek duwe rasa njajal wani di ungkapna. Ketimbang penasaran. Aja mung ke GR en. Mengko ngerti2 jebule dadi korban PHP.
Kanggo cah lanang, nek aweh perhatian karo cah wadon kudu ati-ati. Niate apik mengko malah di arani PHP.


Wis disit kaya kuwe bae crita wengi kiye. Kapan-kapan di sambung maning.
Nek ana salahe apa ya tek pikir? Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!

Twitter Bikin Ngeri

1 comments


TWITTER..awalnya dari benda ini…!
Gw Rizal, siswa salah satu SMK di purbalingga. Awalnya gw santai menghadapi wanita-wanita yg sering mentionan di twitter gw. Tapi, dua tiga bulan, cwe yg satu ini sering bikin gw gregetan tiap kali gw mentionan bahkan DM-an (pesan via twitter). Hari itu hujan ,waktu yg pas banget untuk galau. Namanya avita, dia tiba-tiba curhat di DM gw. yah sebagai cowok yg baik (sok perhatian sih..heheh) yaah gw ladenin. Dia putus dari pacarnya,penyebabnya sih gak jelas yg pasti dia curhat tentang perasaannya doang. Katanya “SAAAKIIITT BANGEEET, ZAL” yah gw bales ajah “sabar vit, mungkin dia gak cocok untuk kamu  ”.

Sunday, August 4, 2013

Tips Mudik

1 comments

Nah.. Kiye mumpung dela maning arep bada, mesti sing lagi neng perantauan mesti pada bali kampung. Kuwe nek duwe kampung, nek ora duwe kampung ya mbuh kuwe bali meng ndi.


Siki arep tek wei tips meng koe pada sing arep pada mudik, semoga bae bermanfaat. Nek ora bermanfaat ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.



Tips mudik sekang Rizal:
1. Tuku tiket jauh2 hari
Maksude, nek arep mudik, sebaiknya disiapkan jauh2 hari. Dadi, senajan bada esih 5 taun maning, siki koe kudu tuku tikete. Sapa ngerti mengko ora kebagian. Jaannn kaya munggah haji bae yah..

2. Gawa bekal sing cukup
Pas mudik kan biasane kencoten neng dalan, nah aja kelalen nggawa bekal sing cukup. Ya panganan, ya inuman, ya klambi salin. Nek perlu, kompor, waja, kulkas, AC, karo lemari ne di gawa sisan.. Dadi ora bakal ana sing kurang neng dalan.

3. Periksa kondisi kendaraan
Nah, sedurunge mangkat, periksa disit kendaraan mudik. Nek koe numpak sepur, tiliki disit kae ban sepure, sapa ngerti ana sing nggembes, di tambal disit dadi bisa mlaku ora ngogel neng dalan.. Nek koe numpak kapal, tiliki disit baling-balinge bisa muter apa ora, nek ora bisa muter, koe nyemplung meng segara neng pelabuhan, di ganti disit kuwe baling-balinge, nek perlu di ganti karo kitirane Doraemon ya kena.

4. Periksa surat-surat kendaraan
Pastikna disit surat-surat kendaraanmu lengkap. Cek kudu lengkap ana KTP, Ijazah, Pas foto, Transkrip Nilai karo surat lamaran.. Udu kuwee...!!! #ngob. Ya maksude kaya SIM, STNK, karo STTB (eh BPKB maksude).

5. Kunci rumah
Nek umah di tinggal mudik. Kudu waspada mbok ana maling. Lawang karo jendela di tutup rapet. Nek perlu umahe di tutupi plastik kresek ben rapet, apa di tutupi pembalut ya kena ben ora bocor.. Barang-barang elektronik di pateni, mbok ana konsleting (konangan neng sleting #eh). Nek perlu di gawa mudik bae kue TV, kulkas karo AC ben ora di colong wong.

6. Taati aturan
Selama perjalanan, koe kudu taat karo peraturan. Misale, nek koe numpak motor mabur, aja njaluk mudun neng tengah ndalan senajan umahmu liwat neng ngisor. Apamaning ngomong kiri-kiri karo kenete, ora bakal mandeg motor mabure.. Kuwe udu koprades!
Trus nek numpak motor, aja teluan. Boncengan loro bae kadang angel njaga keseimbangan neng ndalan. Apamaning teluan, sing ngarep lanang, sing tengah wadon, sing mburi lanang. Lah jaaan sidane sing ngarep gigire dekong, sing tengah bokonge dekong. Sing mburi dewek ora kebagian apa-apa. Bisa-bisa manuke tugel tekan ngumah. Melasi..

7. Sewa pacar
Kiye tips sing penting lan terakhir nggo mudik. Biasane kan nek mudik nyewa mobil, siki wis ora jaman. Siki jamane nyewa pacar. Koe kudu nyewa pacar. Apa? Ya nyewa pacar. Soale mengko nek koe bali kampung, dadi ora isin nek di takoni kanca/tangga "Ndi pacarmu? Ndi bojomu??" Nah, wis duwe (senajan sewaan). Lumayan nggo tamba isin. Masa saben taun di takoni pacar/bojo ora tau bisa njawab.. Emang-eman merantau adoh-adoh jebule jomblo bae.

Sekian tips Rizal mengenai mudik. Ana kurange ya ngeneh di tambaih, nek ana lewihe ya ngeneh di balekna.

Saturday, June 15, 2013

Mantan

1 comments
Apa sih mantan?? MANTAN : MANdan KemuTAN.

Sing jenenge mantan, arep kepriwe bentuke, ora bisa di kelalekna. Apamaning nek duwe mantan sing ayu kaya si.. <sebagian text di pangan codot>.

Mantan kuwe macem-macem, ana mantan pacar, mantan presiden, mantan majikan, mantan copet lan mantan lia-liane. Sing tek bahas mantan pacar bae lah ya. Sing liane tah mbuh. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Tuesday, June 11, 2013

Move On

1 comments
Apa kuwe move on?? Move on kuwe sejenis panganan sekang glepung sing di wei klapa, isine gula jawa.. Kuwe klepoooonn!!! #ngob

Move on. Move kuwe obah, on kuwe murub. Dadi, move on kuwe barang sing obah terus murub. Obah apane? Anune. Murub apane? Murub muatamuuu...!!

Kurang lewihe kaya kuwe artine. Nek lewih ya ngeneh di balekna.



Friday, June 7, 2013

LDR : Lara Dewek Rasakna!

2 comments

Siki nyong arep mbahas LDR. LDR : Lara Dewek Rasakna!

Ya ya, LDR kuwe Long Distance Relationship, nek bahasa Indonesiane Pacaran Karo Meteran. #loh

Pacaran adoh-adohan kuwe sing jenenge LDR.







Wednesday, June 5, 2013

kimcil Nyolong Timun

1 comments
Sedurunge cerita, tek wei ngerti, cerita kiye khusus nggo SUNAT+. Dadi kanggo koe pada sing urung sunat, aja maca cerita kiye. Mengko domeih wong tuamu.
Nganah bali disit njaluk sunat maring rama/biyungmu. Ngomong bae njaluk sunat gara2 kepengin maca ceritane nyong. Paling di balang clurit kon ramban suket neng sawah. #kawus.




Monday, June 3, 2013

Di Tuduh Nyopet

1 comments
[True Story] Ane dituduh nyopet dan dipaksa buka CD di depan umum mblooo!!!

Ini kisah nyata yang terjadi pada ane , kemarin tanggal 02 Juni 2013 Jam 15.30.

Mungkin lo lo ada yg ngeliat kejadiannya juga di Moro Purwekerto, nah itu adalah ane Jadi kemarin ane main ke Daerah Moro. Ane mengunjungi salah satu fashion store terkemuka (****) mau nyari baju buat cewe ane yang mau ultah.

Cinta Sejati

1 comments
Sebuah senja yang sempurna, sepotong donat, dan lagu cinta yang lembut. Adakah yang lebih indah dari itu, bagi sepasang manusia yang memadu kasih? Raka dan Dara duduk di punggung senja itu, berpotong percakapan lewat, beratus tawa timpas, lalu Dara pun memulai meminta kepastian. ya, tentang cinta.

Status Lucu Facebook

1 comments
Status lucu facebook memang bisa di dapatkan lewat berbagai macam media facebook seperti fanspage, status teman, group dan ataupun situs yang menyediakan status lucu facebook seperti blog Rizal Humor ini. Memang selain sebagai sarana sharing kata - kata yang menghibur, biasanya dengan status lucu ini maka kita akan menemui banyak interaksi di status facebook kita. Salah satunya adalah komentar, like dan bagikan status.

Status Fb Kocak Ngakak

Sunday, June 2, 2013

Galau-->Linglung-->Gemblung

1 comments
Anu apa sih kue jane Galau?? mandan ora ngerti pisan jane. Sengertiku juga ya anu pada melu-melu kayane. Mbuh sing bener artine apa. Sayange kamus Bahasa Indonesia jaman SD gemiyen wis mbuh neng ngendi dadi ora bisa tek tiliki.

INSOMNIA

0 comments
Mbuh ngapa kayong mandan ora teyeng turu mbengi kiye. Ketimbang langka pegawean (saben dina kaya ana pegawean bae), arep apdet blog maning.

Siki nyong arep cerita bab INSOMNIA. Nah, ngerti mbok insomnia? Kae loh penyakit sing kelalen jenenge dewek, kelalen kanca, keluarga, biasane merga sirahe njebles watu apa tembok bar tabrakan.. KUWE AMNESIAAAA..!!

INSOMNIA : INyong Siki Ora Merem Ngelingna Indahe Awakmu..

Bojo Impen

0 comments

Nah sore kiye nyong arep crita bab bojo. Uwis pada nduwe bojo urung?? Nek urung ya kawus. hehe. Sing jenenge nggolet bojo kue gampang-gampang angel Di omong gampang wong wadon / wong lanang kue akeh,pirang-pirang, masa mung siji thok ora olih si?? Melas temen. Di omong angel, genah ora kena sembarangan, mergane bojo kue sepisan seumur urip. Dadi kudu temenan goli nggolet ora kena sembarangan,ora kabeh bisa cocok,ora kabeh bisa sreg.

Saturday, June 1, 2013

Kenapa NGAPAK?

0 comments
Ngapak kue jane asale sekang kata"ngapa", tapi wong lia sing pada ora ngerti ya senenge nyebute "ngapak" soale angger nyong ngomong ngapa, ketone mburine ana huruf k, padahal janetah ora lho.. Lah karepe sing arep nyebut lah. Arep ngomong apa rika, sekarepmu bae.

Basa ngapak kue anane neng Jawa Tengah, kaya Banyumas, Cilacap, Purbalinga, Banjarnegara, Gombong, Kebumen, Brebes, Slawi, Tegal, Pekalongan, Wonosobo, ana sing urung di sebut apa yoh???

Kamus NGAPAK

4 comments
Kamus Rizal. Kiye anu istilah sing tek gawe dhewek. Anu istilah wong dablongan. Sekarepku dhewek pokoke. Kayane sih ora nana sing bener (jenenge bae GREGET).

Opo kuwi Blekberi?

4 comments
  Blekberi kuwe tembelek di emberi. Ganengan jaman uwis maju , pating tletek teknologi anyar hape jaman siki. Termasuk salah sijine sing jenenge Blekberi. Meh saben neng dalan, neng warung, neng kampus, nganti neng WC akeh wong pada dolanan blekberi. Nek lagi mangan, tangan siji nyekel BB, tangan sijine nyekel sendok. Keliru gole mangan, hapene sing di untal.

Macam-macam kata ALAY

3 comments





Kali ini Rizal akan menulis tentang macam-macam kata ALAY, sebenernya alay itu ribet, Kenapa? ya karena harus menulis dengan huruf besar kecil, angka dan sebagainya, Langsung saja yuk Cekibrot :

Tips Buat Para JOMBLO

2 comments
Buat kamu yang udah jomblo terlalu lama, dan pengen ngerasain rasanya punya pacar. Atau buat kamu yang baru aja diputusin, trus si mantan udah pacar baru.

Jangan hanya mau kalah! Ayo bela harga diri kamu dengan tips praktis punya pacar baru di FB dalam waktu 5 menit! dari abang RIZAL Simak:

Friday, May 31, 2013

Tresna ala Mahasiswa

0 comments



Sing jenenge mahasiswa kuwe doyane pacaran, jajal bae di deleng neng kampus, isine toli wong pacaran, ya ora neng kantin, ora neng perpus, apamaning neng kosan. Pada ndekem kaya ayam angrem. Mengko ngerti-ngerti meteng, gari mbojo kuiahe ora rampung. *keplak sisan*

Nah Mahasiswa kue kan akeh jurusane, ana jurusan Purwokerto - Tegal pp (kuwe tah jurusan bis). Maksude jurusan kuliah, ana Kedokteran, Hukum, Ekonomi, Tekhnik, Biologi, Peternakan, Pertanian, Bahasa lan lia-liane. Ora percaya tiliki dhewek lah neng kampus. Di deleng toli ana tulisane. (ora nana pegawean temen yah).